Kamis, 10 November 2011

Geguritan "Banyu Udan"

Udan ing wengi iki
Dadi panyawangan kang endah kanggoku
Ngancani anggonku sinau
Ngancani anggonku nyekel buku
Ngancani sepi jroning atiku

Udan gawe tentrem
Udan gawe ayem
Lan udan isa gawe para tani mesem
Tanduran sing karendem banyu udan
Bakal dadi sego
Bakal dadi pangane manungso

Udan gawe susah
Merga ora teko sawayah-wayah
Udan ora dadi  berkah
Nanging nerak omah-omah
Klelep, klelep, klelep sak  isining omah

Banyu udan ora teko dewe
Banyu udan ora sakpenake dewe
Tekane, amarga kuasa-Ne Gusti

Dening : Retno Damayanti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar